Sabtu, 23 November 2013

Geguritan Bahasa Jawa

Apa Karepmu

Wengi sansaya nyenyet
Sumilire angin ngresep sajroning kalbu
Lintang-lintang kemedhep ing tawang
Rembulan mesem tandha katresnan

Sak nalika peteng ndhedhet
Langit katutup mega-mega mendhung
Bledheg nyamber murka
Udan iluh saka mripatku

Mlaku ngalor dak turuti
Ngetan ngulon dak saguhi
Snajan perih getih aku rak wedi
Kanggo awakmu iku tak lakoni

Atimu kaya segara wedhi
Banjir tresnaku kok anggep satetes banyu
Ora ana regane
Ora ana maknane

Apa ra eling nalika jaman semono

Ati loro dadi siji kanthi suci
Susah sengsara sansaya ra krasa
Kaganti rasa asih lan tresna

Nanging saiki.....
Kaya ngene salah, kaya iku keliru
Lara keranta-ranta ing jero dhadha
Sak tenane, Apa karepmu ???

1 komentar: